Yen andheng - andheng dumunung ana :
1. Ing sirah tengen aran manikharda, akeh begjane lan kasembadan sabarang karepe.
2. Ing sirah iring kiwa aran jemjem, ora nduweni kekencengan, kerep nemu rubeda.
3. Ing sirah mburi aran cantuka, sabar. Kendel, temen lan santosa, ayeman sabarang gawe.
4. Ing embun - embunan aran duyuti, dhemen goroh culika ngamandaka.
5. Ing unyeng - unyeng aran pulungjati, pinter titi ngati - ati lan becik banget atine.
6. Ing batuk kiwa utawa tengen aran werdatama, lantip pikire.
7. Ing tengah bathuk aran bercara, pinter lan micara, kendel sarta becik atine.
8. Ing pilingan kiwa utawa tengen utawa karo - karone pisan aran sri tuwuh, sugih rejeki lan sabarang kang katindhakake akeh kauntungane.
9. Ing sandhuwure telapukan mata tengen utawa kiwa utawa karo - karone pisan aran gunasakti, limpat budine, bisa manjing ing ajer - ajer, pangupajiwane sarwa gampang ora kukurangan.
10. Ing sangisoring telapukan mata tengen utawa kiwa utawa karo - karone aran punggung, bodho, kesed, puguh lan kangelan sandhang pangane.
11. Ing poking mata tengen utawa kiwa utawa karo - karone pisan aran tamengtuwuh, mrneng antheng, yen guneman temen.
12. Ing putihing mata aran buta, brangasan, goroh lan umuk.
13. Ing suluhan njero mripat aran sripadu, lilan, temen, pinter lan andhap asor.
14. Ing alis tengen aran kajen, becik atine lan seneng tutulung.
15. Ing alis kiwa aran jatmika, ditresnani wong akeh, sarta yen wis jojodohan akeh begjane lan slamet.
16. Ing pipi sarta cedhak mata aran srigati, dhemen sasanakan lan dhemen weweh, yen katekan dhayoh pradhah akeh sasuguhane.
17. Ing tengah - tengahing pipi aran tujusih, ditresnani wong akeh lan karep ditekani wong omahe.
18. Ing tengah - tengah gligir irung aran turunsih, yen wis duwe bojo ditresnani wong lan akeh begjane.
19. Ing irung saenggon - enggon aran pulungsih, ditresnani wong lan akeh begjane, karepe akeh katurutan.
20. Ing lekikan ngisor irung aran palguna, limpad wicarane, sregep ing gawe, nanging sering kangrlan rejekine.
21. Ing lambe nduwur aran gunasanti, pinter lan gampang sandhang pangane.
22. Ing lambe ngisor aran lumer, becik atine disuyudi wong.
23. Ing kuping aran srikurda, panasbaran gampang nepsune.
24. Ing poking cangkem aran nylarem, pinter micara, nanging angel sandhang pangane.
25. Ing janggut seenggon - enggon aran ciptakukila, dhemen lan pinter micara, nanging sok kaladuk.
26. Ing gulu saenggon - enggon aran sridaya, pinter lan mulur atine.
27. Ing githok aran punggel, boho lan cekak atine.
28. Ing pundhak tengen aran dayakarsa, santosa kekarepane, apa kang diarep katindhakake disumurupi dhisik.
29. Ing pundak kiwa aran dayalena, tanpa duwe kekencengan.
30. Ing dada aran tunggulrana, santosa, kendel wani ing pakewuh bisa ngentasi gawe.
31. Ing susu aran sriasih, didhemeni wong.
32. Ing sanduwure pulung ati aran rena, berbudi lan apa karepe bisa kasembadan.
33. Ing geger aran reksa mulya, bisa nyimpen wadi.
34. Ing wudel aran manuhara, becik kelakuane tansah nemu seneng.
35. Ing bangkekan aran kapita, temen lan kenceng karepe.
36. Ing tepak aran budiama, pinter lan akeh pituture.
37. Ing ula - ula aran murwat,bisa gedhe drajate lan diluluti wong akeh.
38. Ing lengen utawa ing poking sikut aran reksamuka, santosa mantap sabarang gawe.
39. Ing epek - epek aran rajakeleng, kuwat badane, yen tangan mau kanggo nabok sok niwasi.
40. Ing gegering apek - apek aran ragam, bisa nyimpen benda.
41. Ing sikut aran gutama, ditresnani wong akeh lan dhemen gawe kebecikan.
42. Ing lengkongan sikut aran purusa,santosa sedyane.
43. Ing cangklakan tangan aran tutup, bisa simpen wadi.
44. Ing driji tangan aran unggul, apa kang katindhakake dadi begjane.
45. Ing ugel - ugel tangan aran brasta, boros tanpa diduga.
46. Ing bokong aran basu, kangelan golek sandhang pangan, mlarat.
47. Ing poking walakang aran bimalaku, sarwa rikat cukat panggaweane, santosa karepe, nemu kabegjan.
48. Ing perji ( kemaluan ) aran gutukbrama, akeh begjane.
49. Ing kempol ( kentol ) aran sitaresmi, terang engetane.
50. Ing bener balunge kempol aran wregeng, boros tanpa di duga.
51. Ing ugel - ugel sikil aran pasren, dhemen menganggo sarwa becik, lan kuwat lumaku adoh.
52. Ing sikil tengen utawa kiwa utawa karo - karone pisan aran amartani, kabegjane tatanen.
53. Ing tungkak sikil aran juti, goroh dhemen ngapusi.
54. Ing tlapakan sikil aran weca, dhemen laku becik lan suci atine.
55. Ing darijining sikil aran werdiguna, tansah nindakake kebecikan.
56. Ing dengkul aran ancala, naritna kuat nandhang kasusahan lan kuat lumaku adoh.
57. Ing lekikaning dhengkul, kurang tetep atine.
Minggu, 21 September 2014
Wataking manungsa miturut ciri andheng - andheng
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar