Sabtu, 20 September 2014

Wataking bayi miturut tanggal nalika lahir

Yen lahir ing tanggal :
1, angkuh, gedhe sedyane, yen kesandhung babar pisan wurung, dadi urusaning wong.
2, sugih anak sugih mitra, pilih kasih semu lengus, lalen.
3, sumeh prasaja, kaku gelis lejare, golongane kakon aten nanging gemati.
4, wegig wicara, akeh pikire becik, elingan sabarang.
5, micara, maratangan, mara cangkem, loma ing bojakrama.
6, busuk lalen sebarang pikir, crobo sabarang ginarap, kesed resikan tani pikire.
7, wegig micara, rada pareng maring wong wadon ingkang ala pikire saru.
8, sugih etung ala becik, sugih sadulur lan rukun ing sabarang pikire becik.
9, kakon aten, panasbaran, gelis lejare, lumrah pikire, lila sabarang.
10, pepet sumber, lalen nanging wegig pikire, dhemen wewadul ala lan becik.
11, berpikire jubriya sumangkeyan, nanging weruh tata ala lan becik.
12, dhemen semu oleh, yen meneng lengus, yen receh patitis samubarang wasis.
13, limpad pamicarane, patitis wegig, kaku mung sadhela, brangasan nuli lejar.
14, sugih wicara, becik cetha weruh ing sabarang, suci lahir batin, pracaya pikire.
15, terang sabarang pikire, sedhengan, dadi pujangga, akeh wicarane kang sucu.
16, busuk lalen, crobo sabarang pikire, kepara kesed sabarang gawe.
17, sugih etung lan becik, sugih saduluran, padha rukun barang pikire, prayoga suci.
18, wegig wicara limpad, rada pareng madon, parengan ing ala lakune.
19, kakon aten, panasbaran gelis lejare lila barang pikire, murah bojakramane.
20, pepet pikire lalen, wekel pikire dhemen kena waduling wong ala lan becik.
21, berpikir jubriya sumangkeyan, nanging weruh watak ala lan becik.
22, dhemen pikir molah, yen meneng bagus, yen juweh patitis nalare, kwruhe iku nyata.
23, limpad pamicarane patitis, wegig, brangasan nanging sadhela bae lejar, pikire sareh.
24, suci, sugih wicara becik, cetha kawruhe, suci pikire lahir batin.
25, terang sabarang, pikir sedhengan, dadi pujangga, akeh wicarane sabarang suci.
26, busuk lalen crobo sabarang pikire, pagaweyane kesed lumuh, iku wong ala.
27, sugih etung ala becik, sugih sanak sadulur, padha rukun gawe.
28, sugih wicara nyenyengit tembunge, rada pareng mring wadon kang ala pikire ngiwa.
29, kakon aten panasbaran, gelis lilih lejare, pradhah ing bojakrama.
30, gedhe piyangkuhe, gedhe begjane, yen kesandhung gedhe ora dadi ngapa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar