Yen lahire ing dina lan pasaran :
1. Jumuah Kliwon, yen lanang ora micara, mung sedhengan bae. Yen wadon lanas, marang wong lanang ngewani.
2. Setu Legi, cukeng, pinter golek milik, blaba, ngingua jaran, wasis sarta sugih.
3. Akad Paing, wegig, pikire prayitna, weweka, semu dhiri piyangkuh kaya amutera jagad.
4. Senen Pon, manis wicarane, bisa ngenaki pikir sasamaning wong lan bisa golek rejeki.
5. Slasa Wage, lumuh wuruk, ora micara. Yen wong wadon prayoga, bisa simpen arta.
6. Rebo Kliwon, wegig micara, ing pikir calimut marang wong wadon, mawi rusuh watak pandhita.
7. Kemis Legi, berpikir, lumuh kaungkulan. Yen wadon luwih candhala, ming wong lanang hewani padu.
8. Jumuah Paing, meneng, yen busuk babar pisan, yen pinter dadi panutane wong akeh, sugih kapinteran.
9. Setu Pon, bisa kriya gawene, yen lanang. Yen wadon bisa golek melik, ambalubud.
10. Akad Wage, gedhe karepe, yen duwe pikir ora kena dipalangi. Yen wadon ala.
11. Senen Kliwon, anteng pikire, yen ijih enom bandhol sadhela, yen wis tuwa alus pikire.
12. Slasa Legi, kurang micara, yen jueh wegig, barang ing pikir apik, kapara ngutuh wekasane lana.
13. Rebo Paing, munggah umpakan, kapara diri, lumuh kungkulan, satemene cocogan, pikire banter.
14. Kemis Pon, anteng pikire, piyangkuh, meneng, besus samubarang ora ketara, piyangkung gemi tegese.
15. Jumuah Wage, bisa micara, juweh receh patitis, cetha nanging cengkiling, hian nanggung karep kesandhung.
16. Setu Kliwon, bodho ngaku pinter, lalen nanging temen, lumuh maju gawe.
17. Akad Legi, lalen kurang wegig kepinterane, karemane madon, kang padha laku ala panggawe ngiwa.
18. Senen Paing, murka marang pagaweyan samubarang sedhengan, yen wadon pikire luwih prayoga.
19. Slasa Pon, kurang pikir, lumuh ing prakara, yen wadon sae, prayoga sinelir ing priyayi.
20. Rebo Wage, sedhengan barang pikire, maju ing gawe. Yen wadon candhala marang wong lanang.
21. Kemis Kliwon, kurang pikire pethel ing gawe. Yen wadon sedhengan ing pamikire iku.
22. Jumuah Legi, elu - elu ora duwe pikir dhewe, yen kalah gela jero batine, langkung susah atine.
23. Setu Paing, lanang wadona bisa golek melik, bisa simpen wicara alus utawa agal.
24. Akad Pon, kurang pikir, pracaya ing liyan. Yen wong wadon prayoga, bisa simpen kayane wong lanang.
25. Senen Wage, kurang pikire, bregundung atine, wani pakewuh, wani mati. Yen wadon becik.
26. Slasa Kliwon, yen busuk babar pisan yen pinter dadi pujangga utawa ngulama.
27. Rebo Legi, lumrah prasaja, njaluk gelem, dijaluki aweh. Yen wadon prayoga sabarang pikire.
28. Kemis Paing, tentrem anteng, tan amikir, maju gawe temen, dadi priyayi cendhak marang wong agung, sedhengan mubarang gawene.
29. Jumuah Pon, wegig sajroning pikir. Yen nora kaduga mlengos, ewo atine kang ala.
30. Setu Wage, lalen panggrahitane, pikire sajroning ati kaku, lengus sadhela nuli mari.
31. Akad Kliwon, murka sugih karep. Yen wadon boros ing darbeke.
32. Senen Legi, antheng ora demen micara, welu karepe. Yen wadon becik sebarang gawene.
33. Slasa Paing, isinan kaku pikire andhap patrape, lumuh mring pagaweyan. Yen wadon remen mengku kakunge.
34. Rebo Pon, kuat pikire, sregep ing gawe, temen sedyane. Yen wafon gemi, nanging kaku pikire.
35. Kemis Wage, banter budhine, saguh ing gawe, kuwat sabarang pakewuh. Yen wadon pikire ora lilan.