Yen lahir ing tanggal :
1, angkuh, gedhe sedyane, yen kesandhung babar pisan wurung, dadi urusaning wong.
2, sugih anak sugih mitra, pilih kasih semu lengus, lalen.
3, sumeh prasaja, kaku gelis lejare, golongane kakon aten nanging gemati.
4, wegig wicara, akeh pikire becik, elingan sabarang.
5, micara, maratangan, mara cangkem, loma ing bojakrama.
6, busuk lalen sebarang pikir, crobo sabarang ginarap, kesed resikan tani pikire.
7, wegig micara, rada pareng maring wong wadon ingkang ala pikire saru.
8, sugih etung ala becik, sugih sadulur lan rukun ing sabarang pikire becik.
9, kakon aten, panasbaran, gelis lejare, lumrah pikire, lila sabarang.
10, pepet sumber, lalen nanging wegig pikire, dhemen wewadul ala lan becik.
11, berpikire jubriya sumangkeyan, nanging weruh tata ala lan becik.
12, dhemen semu oleh, yen meneng lengus, yen receh patitis samubarang wasis.
13, limpad pamicarane, patitis wegig, kaku mung sadhela, brangasan nuli lejar.
14, sugih wicara, becik cetha weruh ing sabarang, suci lahir batin, pracaya pikire.
15, terang sabarang pikire, sedhengan, dadi pujangga, akeh wicarane kang sucu.
16, busuk lalen, crobo sabarang pikire, kepara kesed sabarang gawe.
17, sugih etung lan becik, sugih saduluran, padha rukun barang pikire, prayoga suci.
18, wegig wicara limpad, rada pareng madon, parengan ing ala lakune.
19, kakon aten, panasbaran gelis lejare lila barang pikire, murah bojakramane.
20, pepet pikire lalen, wekel pikire dhemen kena waduling wong ala lan becik.
21, berpikir jubriya sumangkeyan, nanging weruh watak ala lan becik.
22, dhemen pikir molah, yen meneng bagus, yen juweh patitis nalare, kwruhe iku nyata.
23, limpad pamicarane patitis, wegig, brangasan nanging sadhela bae lejar, pikire sareh.
24, suci, sugih wicara becik, cetha kawruhe, suci pikire lahir batin.
25, terang sabarang, pikir sedhengan, dadi pujangga, akeh wicarane sabarang suci.
26, busuk lalen crobo sabarang pikire, pagaweyane kesed lumuh, iku wong ala.
27, sugih etung ala becik, sugih sanak sadulur, padha rukun gawe.
28, sugih wicara nyenyengit tembunge, rada pareng mring wadon kang ala pikire ngiwa.
29, kakon aten panasbaran, gelis lilih lejare, pradhah ing bojakrama.
30, gedhe piyangkuhe, gedhe begjane, yen kesandhung gedhe ora dadi ngapa.
Sabtu, 20 September 2014
Wataking bayi miturut tanggal nalika lahir
Wataking bayi miturut lahire dina lan pasaran.
Yen lahire ing dina lan pasaran :
1. Jumuah Kliwon, yen lanang ora micara, mung sedhengan bae. Yen wadon lanas, marang wong lanang ngewani.
2. Setu Legi, cukeng, pinter golek milik, blaba, ngingua jaran, wasis sarta sugih.
3. Akad Paing, wegig, pikire prayitna, weweka, semu dhiri piyangkuh kaya amutera jagad.
4. Senen Pon, manis wicarane, bisa ngenaki pikir sasamaning wong lan bisa golek rejeki.
5. Slasa Wage, lumuh wuruk, ora micara. Yen wong wadon prayoga, bisa simpen arta.
6. Rebo Kliwon, wegig micara, ing pikir calimut marang wong wadon, mawi rusuh watak pandhita.
7. Kemis Legi, berpikir, lumuh kaungkulan. Yen wadon luwih candhala, ming wong lanang hewani padu.
8. Jumuah Paing, meneng, yen busuk babar pisan, yen pinter dadi panutane wong akeh, sugih kapinteran.
9. Setu Pon, bisa kriya gawene, yen lanang. Yen wadon bisa golek melik, ambalubud.
10. Akad Wage, gedhe karepe, yen duwe pikir ora kena dipalangi. Yen wadon ala.
11. Senen Kliwon, anteng pikire, yen ijih enom bandhol sadhela, yen wis tuwa alus pikire.
12. Slasa Legi, kurang micara, yen jueh wegig, barang ing pikir apik, kapara ngutuh wekasane lana.
13. Rebo Paing, munggah umpakan, kapara diri, lumuh kungkulan, satemene cocogan, pikire banter.
14. Kemis Pon, anteng pikire, piyangkuh, meneng, besus samubarang ora ketara, piyangkung gemi tegese.
15. Jumuah Wage, bisa micara, juweh receh patitis, cetha nanging cengkiling, hian nanggung karep kesandhung.
16. Setu Kliwon, bodho ngaku pinter, lalen nanging temen, lumuh maju gawe.
17. Akad Legi, lalen kurang wegig kepinterane, karemane madon, kang padha laku ala panggawe ngiwa.
18. Senen Paing, murka marang pagaweyan samubarang sedhengan, yen wadon pikire luwih prayoga.
19. Slasa Pon, kurang pikir, lumuh ing prakara, yen wadon sae, prayoga sinelir ing priyayi.
20. Rebo Wage, sedhengan barang pikire, maju ing gawe. Yen wadon candhala marang wong lanang.
21. Kemis Kliwon, kurang pikire pethel ing gawe. Yen wadon sedhengan ing pamikire iku.
22. Jumuah Legi, elu - elu ora duwe pikir dhewe, yen kalah gela jero batine, langkung susah atine.
23. Setu Paing, lanang wadona bisa golek melik, bisa simpen wicara alus utawa agal.
24. Akad Pon, kurang pikir, pracaya ing liyan. Yen wong wadon prayoga, bisa simpen kayane wong lanang.
25. Senen Wage, kurang pikire, bregundung atine, wani pakewuh, wani mati. Yen wadon becik.
26. Slasa Kliwon, yen busuk babar pisan yen pinter dadi pujangga utawa ngulama.
27. Rebo Legi, lumrah prasaja, njaluk gelem, dijaluki aweh. Yen wadon prayoga sabarang pikire.
28. Kemis Paing, tentrem anteng, tan amikir, maju gawe temen, dadi priyayi cendhak marang wong agung, sedhengan mubarang gawene.
29. Jumuah Pon, wegig sajroning pikir. Yen nora kaduga mlengos, ewo atine kang ala.
30. Setu Wage, lalen panggrahitane, pikire sajroning ati kaku, lengus sadhela nuli mari.
31. Akad Kliwon, murka sugih karep. Yen wadon boros ing darbeke.
32. Senen Legi, antheng ora demen micara, welu karepe. Yen wadon becik sebarang gawene.
33. Slasa Paing, isinan kaku pikire andhap patrape, lumuh mring pagaweyan. Yen wadon remen mengku kakunge.
34. Rebo Pon, kuat pikire, sregep ing gawe, temen sedyane. Yen wafon gemi, nanging kaku pikire.
35. Kemis Wage, banter budhine, saguh ing gawe, kuwat sabarang pakewuh. Yen wadon pikire ora lilan.
Wataking bayi miturut pasarane nalika lahir
Yen lahir ing pasaran :
1. Kliwon, wisa marta durjana tengah,ana alane lan ana becike. Ingon - ingone munyuk lan asu, watake munyuk dhemen memenek, galak ora bisa tutut, akeh akale, saba dharatan lan kekayon, uga ana ing banyu, sanajan wis dipakani, uga gelem nyakot lan ngiwi - iwi, ora kena dicedhaki lan dibeciki. Watake asu setiya tuhu marang bendarane nanging crobo pangane, nalare ajeg sukawirya, gede kekarepane, akeh slamete, sabab akeh pujine. Slametane kethek, tegese jenang mancawarna ( sarupane jenang ).
2. Legi, sumendi, ngibaratake Ratu utawa Bupati, ingon - ingone kucing karo tikus, watake kucing awas, luwih tutut, bungah atine, lan duwe sanggarunggi, bilahine dipaeka, sawise dipaeka lagi metu curigane, bisa amor sugih, bisa amor mlarat. Watake tikus yen bengi melek, awas, akeh pangati - atine, bingung atine saka awake, sathitik pangane, mandi panyakote, samubarang kang cinakot gelis mati, sering diwisaya wong, bisa gawe dhadhakan, niteni banget marang panggawe ala lan becik, gedhe begjane lan gedhe bilahine. Slametane pitik, tegese jajan tukon pasar sapepake.
3. Paing, chendana, ingon - ingone macan, watake adoh pasabane, lungguh dhewe, turu dhewe, arang mangane, kajaba yen dadi ingon - ingone ratu, akeh satrune, yen didhisiki mbilaheni, yen ndhisiki ora dadi apa yen duwe gagaman resikan, nepsune saka wong wadon, kerep diapusi, barange kang ilang arang kang bisa bali. Slametane kucing, tegese sega lan iwak.
4. Pon, samahita, kulon lakuning Nabi, ingon - ingone wedhus, watake wedhus dhemen wajangan, pasabane ora adoh, kang dipangan tanduran, tegese mung duweke dhewe, sering muring - muring maring bojone lan anak batihe, nalare kuwur saka wong tuwa, watake wedhus sok wani maring kang ngingu, yen wani ora kena pinenging, sedheng, kayane. Watake Nabi tutut budine, pituture lumaku digugu. Slametane bulus angrem, tegese klepon karo srabi.
5. Wage, prabuanom, lor lakuning dhandhang, ingon - ingone sapi, watake tutut, sakarepe kang ngereh dadi. Pangane kudu diingoni, crobo, watake sapi dhoso, yen dipecut sok ngamuk, sabarang tinubruk, sathithik amburu pangan, nanging yen mangan lali sanak sadulure lan wong tuwane, peteng pikire kena pitenah, duwe kasinggihan, nanging angkuh. Slametane bantheng, tegese sego golong.